Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Gereja Kristen Jawa Ambarrukma

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "Gereja Kristen Jawa Ambarrukma"— Transcript presentasi:

1 Gereja Kristen Jawa Ambarrukma
*Gedung Induk Papringan* Jam Kebaktian : Pukul WIB (Bhs. Indonesia) Pukul WIB (Bhs. Indonesia) Pukul WIB (Bhs. Jawa) Pukul WIB (Bhs. Indonesia) *Pepanthan Nologaten* Jam Kebaktian : Pukul WIB (Bhs. Jawa) Pukul WIB (Bhs. Indonesia) Demi menjaga ketertiban & kekhidmatan Ibadah, mohon kerjasama Jemaat : HP/PONSEL disetting MODE GETAR/SILENT atau OFF Mengamankan sendiri barang bawaan (HELM, TAS, JAKET, dll) Jemaat mohon tetap membawa Buku Nyanyian & Alkitab Tidak membuang sampah dalam ruang ibadah. Tempat sampah sudah disediakan. Terimakasih atas kerjasamanya. Tuhan memberkati dan selamat beribadah.

2 Minggu Trinitas 19 “Mbudidaya Mbabaraken Bab ingkang Sae” 15 Oktober 2017

3 Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 14 : 1 lan 4
Pasamuwan Jumeneng Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 14 : 1 lan 4

4

5 Kawula nggih binerkahan
lantaran mitra-kadang Sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan. Refr: Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih-asih yekti Wit ing ayoming sih-ira sestu tentrem-raharja.

6 Votum lan Salam Karaharjan
Pendeta : Pasamuwan kinasih sumangga pangibadah ing Minggu punika kita sengker, kanthi sesarengan mratelakaken pengaken makaten : Pasamuwan : Pitulungan kawula punika pinangkanipun saking Yehuwah ingkang nitahaken langit lan bumi, ingkang tansah netepi prasetyanipun ngantos ing salaminipun.

7 Pendeta : Sih Rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti Yesus Kristus mugi tansah rumentaha ing panjenengan sadaya. Pasamuwan : Makaten ugi ing panjenengan. Sadaya: 5 7 i . | 5 7 i . | | A - min A - min A - min

8 Pasamuwan Lenggah Introitus Wulang Bebasan 2 : 20 – 22

9 Pangayubagya : Kidung Lami 122 : 1 lan 4

10 Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma
Punika ngeram-eramaken. Kawula sewu tan nyana Mangkin tan wonten paniksa )2x Ming rumentahing sih mirma )2x

11 Dhuh Gusti, kang kula ndelaken, ming palimirma Sampeyan
Niku kang kula landhesaken samasa sowan mring Tuwan Pegata nyawa kawula )2x Nggih taksih ngunggung sih mirma )2x

12 Mulad Sarira Rum 12 : 9 – 13

13 Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 146 : 1 lan 2
Pamratobat : Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 146 : 1 lan 2

14

15 Yen nyanggi momotan wah panandhang,
sira aja semplah alit ing manah Iblis julig memilut driya, milih margi entheng nging dugeng nraka. Pasrah mring Allah nyuwun kiyat, sira tamtu rinoban sih-rahmat.

16 Pandonga Pamratobat

17 Pawartos Sih Rahmat Kidung Pasambat 3 : 25 – 26

18 Pangatag-atag Gesang Anyar 1 Petrus 3 : 10 – 12

19 Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 78 : 1 lan 2
Pasamuwan Kaaturan Jumeneng Kasanggeman Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 78 : 1 lan 2

20

21 Lamun pasrahku trusing kalbu
Temah sampurna kabungahanku Pra malaekat asung puji Samya ngundhangken sihing Gusti Refr: Aku memuji klayan rena Nggunggung asmane salamanya

22 Pandonga Syukur lan Syafaat
Pasamuwan Kaaturan Lenggah Pandonga Syukur lan Syafaat

23

24 Pisungsung Rum 12 : 1 - 2 Kidung Pasamuwan Jawi (KPJ) 162 : 1 –

25

26 Srana Gusti kawula Yesus,
Paduka paring Panebus Tresna miwah suka-pirena Paduka srahken mring kula Lamun tiyang purun ngakeni, Paduka tansah dipun lari.

27 Katresnanta Paduka, Gusti wonten ing Yesus kawedhar Kula pasrah kang trusing ati, sumarah kalayan lejar Kula sestu rumaos begja linuberan rahmat Paduka.

28 Pandonga Pisungsung Pasamuwan Jumeneng

29 Sabdeng Allah winedhar
Pasamuwan Kaaturan Lenggah Sabdeng Allah winedhar FILIPI 4 : 4 - 9

30 Pewartaan Firman Yohanes 14: 15-21
Pendeta : Rahayu saben tiyang ingkang mirengaken Sabdaning Pangeran lan nindakaken ing gesangipun. Haleluya Pasamuwan : 1 1 | | | | Hale - luya Hale - luya Hale - lu - ya Pewartaan Firman Yohanes 14: 15-21

31 “Mbudidaya Mbabaraken Bab ingkang Sae”

32 Paladosan Sakramen Baptis lan Sidhi

33 KPK 63 : 3 Pangeran Allah Makwasa, ngluberken berkah sing swarga
muwuhi ing sih rahmatnya, ngiring ing kasetyanira.

34

35 “Mangga Sami Ndherek Gusti”
Pasamuwan Jumeneng Pisungsung Syukur : “Mangga Sami Ndherek Gusti”

36 Mangga-mangga sami ndherek Gusti,
Gusti Yesus Juru Wilujeng, Mangga-mangga sami ndherek Gusti.

37 Pandonga Panutup

38 PANGAKEN PITADOS RASULI

39 Pangakening Iman Rasuli
Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula. Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam. Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan. Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah. Kawula pitados dhateng Roh Suci. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilanipun para suci. Punapa-dene pangapuntening dosa; Tanginipun raga; Sarta gesang langgeng.

40 BERKAH

41

42 Panutup Kidung Lami 130 : 1 lan 3

43 Yen nunggil lan Gusti rinten dalu
Manah langkung tentrem, arahayu Kula angantos Gusti Siyang klayan ratri Nyuwun berkah, dhuh Gusti Gusti mami.

44 Yen nunggil lan Gusti siyang-ratri
Birat najis kula, temah suci Kula angantos Gusti Siyang klayan ratri Nyuwun berkah, dhuh Gusti Gusti mami.

45 Sugeng Dinten Minggu Gusti Tansah Paring Berkah
Periksa kembali barang bawaan anda sebelum meninggalkan gedung gereja!


Download ppt "Gereja Kristen Jawa Ambarrukma"

Presentasi serupa


Iklan oleh Google