Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Standar Kompetensi Memahami berbagai wacana lisan sastra dan budaya jawa dari berbagai sumber.

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "Standar Kompetensi Memahami berbagai wacana lisan sastra dan budaya jawa dari berbagai sumber."— Transcript presentasi:

1 Standar Kompetensi Memahami berbagai wacana lisan sastra dan budaya jawa dari berbagai sumber

2 Memahami dan menanggapi geguritan melalui berbagai media.
Kompetensi Dasar Kompetensi Dasar Memahami dan menanggapi geguritan melalui berbagai media.

3 Indikator Siswa mangertos pangertosan geguritan
Siswa saged ngandharaken isi geguritan Siswa saged maos geguritan wonten ing kelas Siswa saged damel mangsuli pitakon-pitakon

4 Pangertosan geguritan
Geguritan dipunanggit supados dipunwaos tiyang sanes lan wonten wonten sesambatan batos antawisipun ingkang nganggit kaliyan ingkang maos, lumantar maos geguritan kala wau. Pramila, gaya bahasa nipun panganggit kedah dipun mangertosi. Geguritan ingkang angel dipun mangertosi njalari mboten sambet pengangen-angenipun ingkang nganggit kaliyan pamaos. Kajawi saking punika, basa ingkng dipun angge saged maringi arah imajinasi pamaosipun. Supados saged manggihaken tema geuritan ingkang siningid ing salebetipun geguritan kala wau.

5 Sejatosipun, geguritan punika salah satunggaling wujud pirembagan antawisipun penyair kaliyan ingkang maos gegurita. Penyair kepengin ngandharaken satunggaling baba nanging sinamyn ing wujud tetembungan endah, dados pikajengipun wau mboten dipun blakaken.mila supados saged mbeber temanipun geguritan kedah mangertosi langkung rumiyin punapa ingkang dipun rembag lan punapa underanipun geguritan. Kanthi sarana geguritan kasebut penyair saged nyuntak rasa-pangrasanipun. Madosi maknanipun geguritan perlu ngrembag tetembungan mbaka setunggal, jalaran penyair nyingidaken pikajengipun ing reroncening ukara. Dene madosi pesen utawi piwulang ing geguritan cekap madosi ing dudutan.

6 Maos Geguritan Maos geguritan inggih punika maos kanthi irama ingkang endah, ngresepaken, tindak-tandukipun ingkang maos ugi laras kaliyan watking geguritan. Menawi usah inggih katingal susah, menawi bingah dene manawi nenangi reget inggih cetha, ing pasinaon basa Indonesia sinebat deklamasi. Tindak-tndukipun nelakaken maunggaling raos kaliyan isinipun seratan.

7 Njarwakaken, nggancaraken lan nggarba
Supados saged mbedakaken antawisipun njarwakaken, nggancaraken lang nggarba supados mboten cawuh panggarapipun, mila ingkang ngandhap punika dipun beber pangertosan kasebut.

8 Dhedhep idhep prabawaning ratri
Tuladha Dhedhep idhep prabawaning ratri Sasadara wus manje kawuryan Tan kuciwa memanise Menggep sri naeng dalu Siniwaka sanggyaning dasih Anglar neng cakrawala Winulat ngelangut Prandene kabeh kebekan Saking kehing taranggana kang sumiwi Warata tanpa sela (Kapethik saking beberan ing Panjebar Semangat no 48 taun 2006 kaca 35)

9 Njarwakaken Njarwakaken inggih punika tegesi tembung-tembung ingkang angel, kedah runtut manut urut-urutaning larikan (gatra), tembung utawi untingan geguritan ingkang cumawis.

10 Tuladha Rembulan sampun ngleyeng ngegla ing akasa
Sepi nyenye swasananing dalu Rembulan sampun ngleyeng ngegla ing akasa Endahipun boten wonten cacad cewengipun Ethok-ethok dados ratuning dalu Lenggah ing satengah-tengahing para abdi Ingkang andher ing langit Dipuntingali damel lam-laming manah Ewadene sadaya kapenuhan Awit saking kathahipun lintang ingkang seba Waeadin boten wonten sela-selanipun.

11 Nggancaraken Nggancaraken tegesipun ndadosaken dhapur basa limrah utawi basa ingkang mboten kaiket ing guru lagu lan guru wilangan. Anggenipun negesi tembung-tembung angel mboten perlu urut saking gatra wiwitan, namung kedah mboten ewah isinipun.

12 Tuladha Rembulan sampun katingal manther ngleyang ing akasa, endahipun saestu samapurna. Ing kawontenan dalu ingkang sepi nyenyet rembulan kados-kados dados retuning dalu ingkang lenggah ing samadyaning abdi-abdinipun ingkang sami gumelar andher ing angkasa. Langit kebak boten wonten sela-selanipun amargi kathahipun lintang ingkang marak. Punika sadaya dipuntingali saestu damel njengering manah.

13 Nggarba Ngewahi kanthi nggarba utawi nyekak andharananipun. Dados namung dipun pendher wosipun kemawon. Tuladha Punika candranipun wanci dalu kalanipun rembulan purnama ketingal ngegla. Kados-kados rembulan dados retuning dalu, kinepung lintang-lintang abdinipun.

14 Geguritan tradisional kaiket dening aturan :
Cacahing gatra ora tetep Saben gatra isi 8 wanda Swara ing pungkasaning gatra padha Wiwitane geguritan nganggo tembung “sun nggegurit” geguritan kanggone masyarakat jawa kanggo pendidikan.

15 Gladhen “Sun Ngegurit” Watake wong kampung Sima
A. Geguritan menika kamirengna lan kagatosna kanthi premati! “Sun Ngegurit” Watake wong kampung Sima Perawane padha siap sedia Tangi esuk padha lunga Nggendhong tenggok nyangking keba Ngempit kendhi isi toya Ngetut bibi lan si bapa Arsa mbiyantu makarya Lan wong tuwa ngupaboga

16 B. Menapa tegese tembung-tembung ing ngandhap kanthi leres!
Watake Nyangking keba Ngempit Ngupaboga Nggendhong

17 C. Geguritan ing ndhuwur menika isinipun menapa?
D. Wangsulana pitakon ing ngandhap kangge basa krama!Sing tangi esuk sapa? Padha menyang ngendi? Sing digendhong lan dicangking apa? Sing dikempit apa? Sing ditutake sapa?

18 KUNCI JAWABAN A. Saged mirengaken lan saged gatosaken geguritan kanthi leres. B. Tegesipun tembung : Watake : budi pekerti Nyangking keba : nggawa keba Ngempit : nggawa barang dikempit ana ing kelek Ngupaboga : golek pangan Nggendhong : nggawa barang ana ing nggeger

19 C. Isinipun : budi pekerti
D. Wangsulan pitakon Ingkang tangi enjing menika prawan ingkang wonten kampung Sima Padha sami kesah nyambut damel Ingkang dipun gendhong tenggok lan keba Ingkang dipun kempit kendhi ingkang isinipun toya Ingkang dipun tutae bibi lan si bapa.

20 SKOR/ PENILAIAN 10 A. Skornya : 25 B. Skornya : 25 C. Skornya : 25
D. Skornya : 25 Jumlah : 100 Nilai : jumlah nilai 10


Download ppt "Standar Kompetensi Memahami berbagai wacana lisan sastra dan budaya jawa dari berbagai sumber."

Presentasi serupa


Iklan oleh Google