Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

CERKAK KOMPETENSI DASAR: 4.3 Memahami cerita pendek berbahasa Jawa.

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "CERKAK KOMPETENSI DASAR: 4.3 Memahami cerita pendek berbahasa Jawa."— Transcript presentasi:

1 CERKAK KOMPETENSI DASAR: 4.3 Memahami cerita pendek berbahasa Jawa

2 CERKAK? Cerkak utawa carita cekak (short-short story) mono mung isi andharan sakeplasan tumrap wong (paraga) sing dadi jejering crita. Caritane ora jero-jero, mung cekakan wae. Senajan cekak caritane wis rampung, lan cacahing tembung kira-kira mung 5000 – nan tembung.

3 Ciri-ciri cerkak Fiktif Naratif Nyaritakake sawijining paraga/tokoh
Critane mung cekak Rampung diwaca mung salungguhan

4 Unsur Intrinsik Cerkak
Paraga (tokoh lan penokohan) Watak Latar, Setting Alur, Plot Sudut pandang / dhapukaning paraga Tema Amanat

5 PARAGA Paragatama, tokoh sentral, tokoh utama yaiku paraga kang dadi lajer jutawa bakuning crita Tokoh Protagonis, yaiku tokoh kang tansah mbiyantu utawa sejalan karo paragatama Tokoh Antagonis, yaiku tokoh kang tansah dadi reridhe lan pepalang paragatama Tokoh Tritagonis, yaiku tokoh kang bisa nengahi antarane tokoh paragatama lan tokoh antagonis Tokoh bayangan, yaiku tokoh kang mung ana ing narasi crita, nanging ora ana aktifitas kang diandharake dening penulis carita.

6 WATAK Gegambarane wewatekane tokoh, wateke becik (protagonist) apa wewatekane ala lan tansah ngreridhu paraga pokok (antagonis) CARANE NGERTENI WATAK TOKOH: Narasi Deskripsi tokoh Dialog tokoh Gagasan tokoh

7 LATAR - SETTING Latar papan, Nuduhake papan kadadeyan ing crita mau.
Latar wektu, Nuduhake perkara kang ana sambung rapete karo wektu dumadine carita. Kayata: saiki, mau, biyen, mengko sore, sasi wingi, lsp. Latar sosial, Nuduhake perkara kang ana sambung rapete karo kahanane panguripan ing bebrayan (masarakat) kayata: agama, pagaweyan, politik, lsp.

8 Alur, Plot Unsur kang awujud rerangkèn lakuning kadadeyan sajroning crita , bisa alur maju utawa progresif , bisa alur mundur utawa flash back , utawa uga bisa alur campuran.

9 Sudut pandang / dhapukaning paraga
Sudut pandang orang pertama, yaiku crita kang paragatamane si pangripta utawa si pengarang crita dhewe, “aku” Sudut pandang orang pertama pembantu, yaiku nalika paraga “aku” sajroning crita sipate mung mbantu kanggo nyaritakake paraga liya kang dianggep luwih utama Sudut pandang orang ketiga serba tahu, yaiku carita kang pangriptane ana sajabane carita, lan ngerti kabeh kang lumaku, malah ana kalane pangripta bisa wawan gunem karo sing maca. Sudut pandang orang ketiga terbatas, yaiku pangripta ana sajabaning carita mau mung winates ngertine, dheweke mung ngerti salah sawijining kadadeyan sakperangan paraga sajroning crita.

10 TEMA Tema utawa sarining carita iku akeh banget, gumantung penulis arep nganggo lan nyaritakake bab apa.

11 AMANAT Amanat utawa wasita (naséhat) kang bakal diwenehake dening pengarang marang sing maca crita


Download ppt "CERKAK KOMPETENSI DASAR: 4.3 Memahami cerita pendek berbahasa Jawa."

Presentasi serupa


Iklan oleh Google