Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Pranatacara Dening : Sdwijosusastro.

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "Pranatacara Dening : Sdwijosusastro."— Transcript presentasi:

1 Pranatacara Dening : Sdwijosusastro

2 Kompetensi Dasar 3.2. Memahami tentang pranatacara (MC) dalam kegiatan sederhana 4.2. Menyusun teks pranatacara (MC) kegiatan sederhana

3 INDIKATOR Menjelaskan pengertian pranatacara
Menjelaskan hal-hal yang harus dilakukan oleh pranatacara. Menjelaskan struktur teks susunan acara. Menjelaskan tehnik membawakan sebuah acara. Mengartikan kata-kata penting dalam teks pranatacara Membetulkan kalimat pranatacara Mengisi teks rumpang pranatacara Menyusun teks wicara pranatacara kegiatan sederhana

4 APA IKU PRANATACARA? Pranatara saka tembung : pranata + acara
Pranatacara yaiku paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara .

5 Dasanamane Pranatacara
Pranatacara uga diarani : master of ceremony (MC), pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti laksana pranata laksitaning adicara.

6 Ayahane Pranatacara Nglantarake lakune cak-cakaning acara utawa adicara ana ing rapat-rapat, pasamuwan, utawa upacara kang wis dirancang sadurunge. Lugune atur palapuran (protocol) tumrap cak- cakaning utawa lakuning acara/adi cara. Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah tetembungan adicara utawa acara diarani adilaya .

7 Bedane Pranatacara lan Pamedhar Sabda
Pranatacara kuwi sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggale Pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijining perkara tuladha : ngaturake pambagya , pasrah temanten utawa nampa pasrahe temanten

8 Dasanamane Urutan Acara
urutaning adicara, ricikaning adicara, ricikaning titicara, reroncening adicara, rantamaning adicara, runtuting titilaksana,

9 Sanguning Pranatacara (Sangu wajib)
1. Swara wicara kudu digladhi utawa dilatih supaya bisa cetha wetune swara, pangucap kudu cetha artikulasine (pelafalan), intonasi (penekanan kata) lan ora kesusu anggone ngucap, supaya apa kang diaturake bisa tinampa kanthi cetha dening audien.

10 Tujuan gladhen swara kung (gandem-marem),
ora ngelik, cilik merit, cumengkling membat-mentul (ora monoton), dudu swara lugas (mlaha), ning ya ora "digawe-gawe", Ora kakehan pedhotan (ee ...), ora swara bindheng, ora grothal-grathul.

11 2. Busana Anggone nganggo busana kudu dijumbuhake karo keperluwan ana ing acara kang bakal ditindakake : Busana kejawen gagrag Mataraman – Surakarta, Busana Jas, busana Batik. Kudu ganep, turut, runtut, pantes, rapi, sopan, ora kakehan asesories Milih kelir ingkang pas karo pakulitane, Ora kakeyan wangi-wangian, Pupur salarapan wae , aja merok- merok lan bengesan menger-menger

12 wose Madeg pranatacara iku perlu ngadisarira lan ngadibusana kang besus, awit ajining sarira saka busana. Busana kang cocog bakal nambahi wibawa. Prayoga banget yen ngagem busana dititi kanthi premati , supaya gambar / bathikaning jarit ora kuwalik-walik. Yen nganti kuwalik bakal gawe isin , senajan swarane becik. bab saradan ndudat-ndudut klambi, mbenak-mbenekake keris, ngingar-inger blangkon lan sapiturute dikurangi.

13 3. Tatakrama, Subasita, Sikap, solah bawa
Kudu digladhi, sebab tatakrama sing kurang bisa nyuda kawibawane pranatacara, Solah bawa utawa obah sak obah – obahe aja nganthi digawe-gawe, Solah bawa prasaja utawa lumrah lan ora kaku, Pasuryan uga kudu grapyak semanak, lan esem tansah sinungging ing lathi.

14 Patrap nalika madeg pranatacara
Napas landhung, ora megap-megap, Aja (nyebul) mikrophon (dithuthuk-thuthuk), Mikropon dicekel tangan tengen, tangan kiwa pas ngisor dhadha, Menawa mikropon dipasang ing cagak, tangan bisa ngapurancang, Ngadeg tegap, ndegeg, jejeg (aja modhel standhar pit), Janggut katarik sathithik, ora kakehan gerak, ndumuki klambi, mbenak-mbenakake bebet, nyowang-nyeweng klambine dhewe, Ora gugup, kagetan, nanging sing luwes, Ora wigah-wigih, ora rongeh, ora edheg, or gumeter, atine disarehake, dimenebake, becike kembang turi melok-melok, ra perduli tiyang alok-alok, sega wadhang sisane sore kudu percaya awake dhewe.

15 Teruse ..... Ngadeg ing pojok, ora :cedhak-cedhak banget karo tamu,
Ulat sumeh, renyah, miluta Tangan ngapurancang, ora methentheng (malang kerik), tangan ora mlebu sak, kukur-kukur, ndumuki irung, aja mbanda tangan Kudu tangguh, saguh, mrabawa, mrantasi karya.

16 Sikap Pranatacara kang kurang mranani
Ngadeg lambaran mung sikil siji Ngadeg siikil kiwa lan tengen kekamban utawa keciuten/rapet Ngadeg kanthi loyo/ ora semangat Ngadeg ora imbang Ngadeg lendhetan ing papan wicara Ngadeg ora jenjem Ngadeg kaku Ngadeg ora nggatekake papan panggonane audiens Ngguyu sing digawe-gawe , mesam-mesem utawa mbesengut Ndhungkluk terus ora wani nyawang audiens, utawa ndangak terus Bola-bali ngobahake salah sawijine perangan badan, upamane sikile edheg Ngobahake perangan badan kanthi rangu-rangu Ngobahake perangane badan nanging ora jumbuh karo sing dingendikakake Bola-bali ngukur kuping, garuk-garuk sirah. Nglebokake tangan ana sak clana Gugup, kepara bola-bali migunakake tembung: eeee.....eeee......

17 4. Basa Basa sing digunakake kudu manut marang tuntunaning basa sing bener, Pamilihing tembung kang dironce (disusun) dadi ukara kudu bener lan pener, Dadi bisa luwes anggone ngucap lan kepenak yenta dirungokake audien.

18 Ngetrapaken basa, kudu mirunggan (khusus)
Ora nggunakake basa padinan, kejaba kanggo banyolan, Ora kakehan dhialek nggon-nggonan lan idhiolek, Tembung-tembunge mathis (basa rinengga, basane ora njuwarehi utawa ajeg), Nyukupi ing basa rinengga, Wasis olah sastra kadosta paribasan, bebasan, saloka, isbat, parikan, Wegig ing kagunan Jawa (tembang Ian gendhing), sugih bumbu-bumbu

19 Sangu Panyengkuyung 1. Pengrengga swara 2. Pawiyatan 3. Mental
Utawa sound system. Sukses orane pakaryan MC amarga panyengkuyung sound system 2. Pawiyatan Bisa kursus sesorah, maca buku, niru MC kang wis sukses 3. Mental MC kudu nduweni mental waja, ora miyur, ciyut. Amrih mental kandel kudu gladhen ngadhepi wong akeh (forum), siap ing materi, 4. Ketewajuhan Tegese temen-temen nindakake pakaryan, bisa rampung kanthi becik 5. Gladhen Pranata adicara tetep terus sarta prelu gladhen utawa i latihan amrih sansaya mekar ilmunipun, landhep yen dipigunakake , temahan wegig, besus, micara. 6. Kasamaptaan Pranata adicara kidi siap sawanci-wanci menawi ditimbali ora nguciwani, samapta ing raga, busana, basa, lan wicara. 7. Mitra tembayatan (relasi): kayata perias, Wedding Orgnyzer, catering, fotografer, lsp

20 Prinsip Sapta-Ma (sangu tambahan)
MAGATRA Tegese bleger utawa wewujudan rupa kasembuh adining sarira lan busana; trep, pantes, luwes, ganep. MALAKSANA Tegese tindak sapecak, sajangkah ditata runtut, luwes mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih. MAWASTHA Tegese ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, sikil kiwa-tengen ora kekamban utawa keciyuten MARAGA Tegese ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu lumrah samadya, obah-owahing pasemon (raut muka) nggambarake ati.

21 Teruse ..... MALAGHAWA Tegese trampil trengginas, ora remben, ora ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. MATANGGAP Tegese tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang duhkita. MAWWAT Tegese tanggap, tangguh, tanggon prapteng ngendon; mrantasi lan ngentasi gawe saka wiwitananing acara nganti pungkasan. Saliyane iku rancag, lancar lan suksese jejibahan pranatacara utawa pamedhar

22 Cengkorongan Baku Wicara Pranatacara
1. Pambuka Salam pambuka Sapa aruh marang tamu 2. Muji syukur mring Pangeran 3. Maosake rantamaning adicara 4. Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana 5. Ngaturake lan mandhegani adicara siji mbaka siji kanthi wijang 6. Panutup Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya) Nderekake ndedonga panutup Salam panutup

23 SALAH KAPRAH LUPUT Sepindhah Pembikaan Manjataken puji syukur Makempal
Karawuhan Istirahat Sambutan bapak ..... Acara Lain-lain Benere Sepisan Pambuka Munjukaken puji syukur Kempal, pepanggihan, nyawiji Rawuhipun, rawuh panjenengan Sumene, sigeg Pangandikan bapak .... Adicara Mancawarni, adiwarni

24 Matur nuwun


Download ppt "Pranatacara Dening : Sdwijosusastro."

Presentasi serupa


Iklan oleh Google