Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

PUPUH POCUNG.  Serat anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV  Ngandut piwulang luhur babagan paugeraning urip sesrawungan lan manembah mring Gusti  Wujude.

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "PUPUH POCUNG.  Serat anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV  Ngandut piwulang luhur babagan paugeraning urip sesrawungan lan manembah mring Gusti  Wujude."— Transcript presentasi:

1 PUPUH POCUNG

2  Serat anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV  Ngandut piwulang luhur babagan paugeraning urip sesrawungan lan manembah mring Gusti  Wujude tembang macapat  Karakit saka limang pupuh lan 100 pada. Katrangan:  Pupuh 1 tembang Pangkur (14 pada)  Pupuh 2 tembang Sinom (18 pada)  Pupuh 3 tembang Pocung (15 pada)  Pupuh 4 tembang Gambuh (35 pada), lan  Pupuh 5 tembang Kinanthi (18 pada).

3  Kaiket paugeran kang wis baku tuladhane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.  Ngandhut filasafat adiluhung  Umume migunakake basa Kawi  Awujud tembang lan bisa ditembangake sanajan critane dawa  Ngandhut surasa piwulang luhur babagan agama lan sesrawungan.

4  Tembang macapat iku tetembangan klasik jawa kang mula bukane jaman para wali. Mulane isi lan crita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat umume babagan budi pakerti, akhlak, lan kabudayaan.  Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.

5  Guru gatra yaiku wilangan larik saben sapada/bait.  Guru wilangan yaiku wilangan wanda (suku kata) saben sagatra, lan  Guru lagu yaiku tibane swara wanda ing pungkasaning gagtra. Guru lagu uga ana sing negesi ding donge wanda ing pungkasaning gatra.

6 ngèlmu iku kalakone kanthi laku lêkase lawan kas têgêse kas nyantosani sêtya budya pangêkêse dur angkara Menawa dithinthingi tembang macapat ana dhuwur iku bisa dionceki mangkene:  Karakit saka patang gatra  Gatra 1 dumadi saka 12 wanda utawa guru wilanange ana 12 lan guru lagune /u/  Gatra 2 dumadi saka 6 wanda utawa guru wilangane ana 6 lan guru lagune /a/  Gatra 3 dumadi saka 8 wanda utawa guru wilangane ana 8 lan guru lagune /i/  Gatra 4 dumadi saka 12 wanda utaw guru wilangane ana 12 lan guru lagune/a/

7 Wacanen tembang ing ngisor iki! Ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu Yèn kabul kabuka Ing drajat kajating urip Kaya kang wus winahyèng sêkar sri nata 1. Tembang ing dhuwur andharna wilangan lagu lan guru lagune! 2. Manut paugerane ngrakit, tembang ing dhuwur kalebu jinise macapat sing endi lan apa sebabe? 3. Golekana ing bausastra tegese tembung-tembung ing ngisor iki!  Uger lugu =.......  Pralêbdèng =.........  Kalbu =......  Drajat =........  Kajating=......  Winahyeng =.........  Sekar =....... 4. Saka tegese tembung, andharna surasane tembang macapat ana dhuwur manut basa padinanmu! 5. Surasane tembang ing dhuwur apa isih jumbuh klawan kaanan jaman saiki lan apa sebabe?

8  Supaya siswa gawe cakepan tembang Pocung manut wewaton kang wis diandharake ana dhuwur cacahe rongpada kanthi tema bebas nganggo basa padinanmu!  Banjur, ijolna karo kelompok liyane lan oncekana surasane tembang Pocung garapane kancamu nganggo basa krama!  Tulisen ana kertas lan aturna marang dwijamu supaya antuk pambijen!


Download ppt "PUPUH POCUNG.  Serat anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV  Ngandut piwulang luhur babagan paugeraning urip sesrawungan lan manembah mring Gusti  Wujude."

Presentasi serupa


Iklan oleh Google