Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

ISI : PATULADHAN 3 TOKOH WAYANG 1. BAMBANG SUMANTRI/ PATIH SUWANDA

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "ISI : PATULADHAN 3 TOKOH WAYANG 1. BAMBANG SUMANTRI/ PATIH SUWANDA"— Transcript presentasi:

1

2 ISI : PATULADHAN 3 TOKOH WAYANG 1. BAMBANG SUMANTRI/ PATIH SUWANDA

3 2. RADEN KUMBOKARNO

4 3. ADIPATI KARNO/ SURYA PUTRA

5 DHANDHANGGULA Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anulada,
duk ing nguni caritane, andelira Sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.

6 Bambang Sumantri Lire lelabuhan tri prakawis,
guna bisa saniskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Magada nagri, amboyong putri dhomas , katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana.

7 KUMBOKARNO Satriya Panglebur Gangsa- Ngalengka
Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagri Ngalengka, Sang Kumbakarna arane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, Mring raka amrih raharja, Dasamuka tan kengguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara.

8 Kumbokarno Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun , amung cipta labuh nagari, lan noleh yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka , mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana

9 ADIPATI KARNO Narpati Ngawangga
Wonten malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Kurawa

10 Adipati Karno Den mungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga denya arsa males sih, ira Sang Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama

11 SUMANTRI NGENGER

12 SUKROSANA

13 KARNO TANDHING

14 KARNO TANDHING

15


Download ppt "ISI : PATULADHAN 3 TOKOH WAYANG 1. BAMBANG SUMANTRI/ PATIH SUWANDA"

Presentasi serupa


Iklan oleh Google