Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

REOG  Reog kuwi salah sawijining pagelaran seni kang asale saka Jawa Timur,Ponorogo.Jawa TimurPonorogo  Reog kalebu budaya khas daerah sing ana sesambungane.

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "REOG  Reog kuwi salah sawijining pagelaran seni kang asale saka Jawa Timur,Ponorogo.Jawa TimurPonorogo  Reog kalebu budaya khas daerah sing ana sesambungane."— Transcript presentasi:

1

2 REOG  Reog kuwi salah sawijining pagelaran seni kang asale saka Jawa Timur,Ponorogo.Jawa TimurPonorogo  Reog kalebu budaya khas daerah sing ana sesambungane karo hal-hal mistis.

3 REOG Biasane dipentaske ing acara :  Manten  Khitanan  Dina Gedhe Nasional, kaya dina kamardikan, Maulid Nabi Muhammad SAW, lsp

4 FILOSOFI  Ing jaman mbiyen, reog dikenal kanthi istilah Singa Barongan. Tembung Reog asale saka tembung Riyoqun, artine Khusnul Khotimah sing nduweni makna sanadyan uripe akeh dosa, namung yen akhire sadar lan tobat marang sing Kuwasa, Surga dadi jaminane.  Gerakan – gerakan sing ana ing tarian reog nggambarake tindak – tanduk lan pangumbarane manungsa wiwit saka lair tekan mati. Reog mbiyen dimanfaaatke kanggo sarana ngumpulake rakyat lan dadi saluran komunikasi sing efektif kanggo panguwasa.

5 1. DADAK REYOG Topeng macan nglambangake tumindak ala lan bulu merak nglambangake kabecikan, saengga ngemu teges sapa salah seleh. Werna sing dominan ing kesenian reog yaiku ireng,putih,kuning,lan abang, nglambangake nafsu sing ana ing awake manungsa. 2. KENDANG Kendang nentokake alon cepete utawa iramane tari reog. Kendang unine ndang. ‘Ndang’ duwe makna awake dewe becike ndang donga lan syukur marang sing kuwasa. 3. KENONG. Kenong unine nang,nong,nung. ‘Nang’ tegese ana, ‘Ning’ tegese bening, ‘Nung’ tegese plong (sadar). Artine, manungsa kudu nduweni pikiran lan ati ingkang bening supaya isa mangerteni lan sadar menawa urip kuwi anugrahing Gusti ingkang Maha Kuwasa.

6 4. KETIPUNG Tembung Ketipung asale saka bahasa Kaifun sing tegese balesan. Kabeh tindak-tanduk manungsa ing donya iki bakal entuk balesan saka Gusti ing akhirat. Saengga kita kudu nglakokake tumindak becik. 5. KETHUK Kethuk unine ‘thuk’,tegese matuk utawa sarujuk. 6. GONG KEMPUL ‘Gong’ artine Agung. ‘Kempul’ artine kumpul. Sawise kempul ditabuh ping pindho, banjur disusul gong. Artine kabeh amal lan ibadahe manungsa ditujukake marang Gusti ingkang maha kuwasa. 7. SULING ‘Sulin’g tegese eling. Artine, eling menawa urip kuwi berkah saka Gusti Ingkang Maha Kuwasa, eling yen urip ing donya iki ora suwe, lan eling menawa kauripan sing kekal lan nyenengake bakal isa dilakoni kanthi amal lan ibadah.

7

8 PESAN MORAL  Reog nduweni pesan moral supaya kita becike syukur marang sing kuwasa amarga berkah sing dilimpahake kanggo manungsa ing donya, awakedewe kudu becike uga ora gampang nyerah kaya reog sing kuat. Saka segi karakter, tari reog ngemu unsur kasampurnaan. Artine, urip kuwi ora sempurna, nanging kita kudu nyoba supaya awake dewe dadi luwih becik.


Download ppt "REOG  Reog kuwi salah sawijining pagelaran seni kang asale saka Jawa Timur,Ponorogo.Jawa TimurPonorogo  Reog kalebu budaya khas daerah sing ana sesambungane."

Presentasi serupa


Iklan oleh Google