Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

ANALISIS CERKAK KONTRAKAN DENING BISRI NURADI

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "ANALISIS CERKAK KONTRAKAN DENING BISRI NURADI"— Transcript presentasi:

1 ANALISIS CERKAK KONTRAKAN DENING BISRI NURADI
Angela Wyda Stiyani

2 ANALISIS CERKAK kehidupan keluarga
Tema : Topik : Narpoyo sing pingin duwe omah dewe supaya bisa uwal saka maratuwa. kehidupan keluarga

3 KONFLIK MUNCUL KEMBALI
ALUR KONFLIK AWAL PENGENALAN KONFLIKASI KLIMAKS ANTI KLIMAKS RESOLUSI KONFLIK MUNCUL KEMBALI

4 1.Tahap konflik awal dimana masalah mulai muncul c/0: “Wiwit nganten anyar tekan bojone ndarbeni telung sasi, Narpoyo isih dikuya-kuya wae dening maratuwane. Jare yen tangi ngepluk, sing mangane sebagor, sing turune ngorok kaya kebo bule, sing pelite ngungkuli encik, lan apa-apa wae kang ala kabeh mangkring ing awake.”

5 2.Tahap perkenalan c/0: “Mulane, Narpoyo nduweni niyat, bakal ngontrak omah senajan mung RSS (Rumah sangat sederhana). Menawa arep tuku utawa kredit durung saguh. Sepira ta, gajine karyawan pabrik plastik kuwi?”

6 3.Tahap konflikasi dimana konflik mulai menajam dan permasalahan mulai lebih serius c/0: “Wiwit niyat iku diglontorke saka kocape, saiki kabeh digawe sarwa ngirit. Kudu. “ “Jatah dhuwit rokok disuda, malah ora sisan. Ngrokoke menawa mangkat kondhangan wae kanggo patut-patut. Mulih saka njagong kudu nganthongi raketang sak ler kanggo njagani mbesuke.”

7 4.Tahap klimaks dimana pada tahap ini merupakan puncak dari permasalahan c/0: Narpoyo takon-takon babagan omah karo kancane dolanan gaplek. “Kang, perumahan sing rada murah ki ngendi ya?” Narpoyo mula bukani lek-lekan sajrone slup-slupan tanggane sing lagi mbangun omah sinambi ngeplekke balak ndhole. “Wah ora ngerti aku yen urusan kaya ngono kuwi.” Slamet isih nggujengi gaplene sajak greget. “Arep golek perumahan ta, Yo?”saute lik Lardi. “Ora lik, kepengin arep ngontrak wae, nanging ya takon-takon dhisik menawa ana sing mathuk ngono.” “Wetan kecamatan kae ana, Yo. Nanging ya mung cilik, tipe 21.” “Ya kuwi sing tak goleki, tulung sesuk aku terna rana lik.”

8 5.Tahap anti klimaks dimana konflik mulai menurun c/0: Pungkasane Narpoyo bisa kontrak omah sanajan RSS. “Mak gregap” Narpoyo kaget. Ambegane menggeh-menggeh. Dikira swara mertuwane. Jebul swara tanggane anyar sing mapan sandhing kontrakane. Kelingan grenengan maratuwane gek wingine, jare kontrakane Narpoyo kuwi dudu RSS, nanging RS7 (rumah sangat sederhana sekali sehinga selonjor saja susah). Nalika kuwi tanggane akeh sing ngguyu kemekelen, nanging ora dipaleru Narpoyo.

9 6.Tahap resolusi (penyelesaian) dimana pada tahap ini konflik telah selesai dan telah menemui penyelesaian. c/0: “Esuk-esuk teh anget ombenane, nikmate kaya mlebu swarga” Nglarase kaya ngene, omah-omahan adoh saka maratuwa.

10 7.Tahap konflik dimana masalah muncul kembali c/0: Narpoyo mung ngamati lakune wong kuwi mau katon seje. “Simbok”swara bojone ngagetake Narpoyo. “Oalah..Nduk, Simbok pengin ngancani kowe wae karo nunggoni putuku lair.” Sinambi nglirik bojone anake. Sing dilirik ... .

11 Orang ketiga serba tahu
= Sudut pandang

12 TEMPAT WAKTU SETTING Omah mertuwa Narpoyo
Rekasane kaya ngene, omah-omahan melu maratuwa.” TEMPAT wayah esuk Esuk-esuk panas hawane, kaya-kaya kebrongot mawa. Grememenge Narpoyo wis mecah ndhisiki jumedhule Bagaskara ing wayah esuk kuwi. WAKTU

13 TOKOH PENOKOHAN LEK LARDI SLAMET BOJO MARATUWA NARPOYO

14 Narpoyo : Sabar, Ulet, Temen
Wiwit nganten anyar tekan bojone ndarbeni telung sasi, Narpoyo isih dikuya-kuya wae dening maratuwane. Jare yen tangi ngepluk, sing mangane sebagor, sing turune ngorok kaya kebo bule, sing pelite ngungkuli encik, lan apa-apa wae kang ala kabeh mangkring ing awake. Suwene-suwe omongan Maratuwane mau yen dirasak-rasake saya mentheng kelek. Nanging Narpoyo ya mung meneng wae.

15 Maratuwa : sayang marang anak, lambe lamis, grungelan
“Oalah yu..yu mantuku kuwi saiki tambah kebangeten tenan. Dikon golek tukang kanggo ndandani talang bocor wae kat gek wingi ora mangkat-mangkat. Ngerti dhewe yen udan omahe banjir tracah kabeh. Jare malah ngenteni dina minggu. Harak piye jal? Apa ora marai tambah kemropok yen ngono kuwi?” “Oalah..Nduk, Simbok pengin ngancani kowe wae karo nunggoni putuku lair.” Sinambi nglirik bojone anake.

16 Bojo : sabar, manut marang Bojo
Bojone ya mung meneng karo manthuk-manthuk wae. “Teh e, Mas.” Bojone ngetoke teh sing isih manget-manget kemutuk.

17 Slamet : ora perduli “Wah ora ngerti aku yen urusan kaya ngono kuwi.” Slamet isih nggujengi gaplene sajak greget. “ Gaple ora kowe!” swarane slamet sora ngagetake Narpoyo lan Lardi sing lagi padha rembugan.

18 Lek Lardi : Perduli, gelem tetulung
“Arep golek perumahan ta, Yo?”saute lik Lardi. “Wetan kecamatan kae ana, Yo. Nanging ya mung cilik, tipe 21.” “Ya kuwi sing tak goleki, tulung sesuk aku terna rana lik.”

19 Tetap harus sabar dan tawakal dalam hidup bersosial.
AMANAT Tetap harus sabar dan tawakal dalam hidup bersosial. Jika menginginkan sesuatu harus berusaha dengan semaksimal mungkin.

20 MATUR NUWUN


Download ppt "ANALISIS CERKAK KONTRAKAN DENING BISRI NURADI"

Presentasi serupa


Iklan oleh Google