Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Nanggapi pawarta Bisa wujud pratelan lisan utawi tulisan

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "Nanggapi pawarta Bisa wujud pratelan lisan utawi tulisan"— Transcript presentasi:

1 Nanggapi pawarta Bisa wujud pratelan lisan utawi tulisan
Ancase tanggapan : kanggo njlentrehaken panemu babagan apa kang mentas dirungu utawa diwaca. Aweh tanggapan utawa nanggapi pawarta ateges nelakake panemu gegayutan karo pawarta kang dirungokake utawa diwaca. Supaya bisa aweh tanggapan isi pawarta kang becik, luwih dhisik kudu mangerteni pokok-pokok isi pawarta utawa bakuning pawarta lelandhesa 5W+1H 4. Sawise mangerteni pokok-pokok isi pawarta banjur bisa aweh tanggapan marang isi pawarta kang disemak utawa diwaca. 5. Dideleng saka isine, tanggapan isi pawarta bisa nuduhake pranyatan kang nelakake sarujuk, ora sarujuk, aweh panyaruwe (kritikan), muwuhi panemu utawa asung pamrayoga gegayutan isining pawarta.

2 tanggapan kanng becik Tanggapan kudu laras karo isi pawarta.
Aweh tanggapan kudu apa anane / obyektif. Ngandharake tanggapan kudu sinartan pawadan (alasan). Senajan ora sarujuk, aja nganti nyalahake panemune wong liya. Aja nganti duwe panganggep menawa panemune dhewe kang paling bener. Migunakake basa kang alus lan sopan. Migunakake basa kang ringkes nanging cetha lan gampang dimangerteni liyan.

3 Titikane / Ciri-cirine tanggapan kang becik
Tanggapan mujudake pranyatan/pratelan. Wujud lesan utawa tulisan. Duwe ancas kanggo njlentrehake sawijining bab kang sadurunge dikandhakake dening wong Tanggapan kang dipratelakake ora ngremehake panemune wong liya. Tanggapan dikantheni pawadan

4 Paneraking Wereng Ngrebda
Klaten, www Jogjatv.tv – Paneraking wereng ing Kabupaten Klaten Jawa Tengah samangke tansaya ngrebda. Kawontenan mangsa ingkang boten gumathok kados samangke, njalari kadang tani kangelan ngendhaleni paneraking ama. Taneman pantun ing Kecamatan Polamharjo lan Karangdowo ingkang umuripun saweg sewulan, ketingal angles jalaran katerak wereng. Kades Polamharjo Srimanto mratelakaken 80 hektar taneman pantun ing wewengkonipun katerak wereng lan uler. Sinaosa sampun kupiya dipunsemprot, nanging panereking ama dereng mendha. Kadang tani ngajab warga tumut njagi lestarining kodhok minangka predator alam kangge ngendhaleni paneraking wereng, wondene menawi dipunbrastha ngginakaken pestisida kedah dipuntindakaken sesarengan. (Purwanto)

5 Bakuning pawarta Apa arane kedadean : Paneraking wereng tansaya ngrebda Sapa pawongan / paraga : kadang tani, Kades Polamharjo Srimanto Kapan dumadine kadadean : samangke tansaya ngrebda Ing ngendi papan dumadine : ing Kecamatan Polamharjo lan Karangdowo Kabupaten Klaten Jawa Tengah 5. Apa jalarane : Kawontenan mangsa ingkang boten gumathok kados samangke, njalari kadang tani kangelan ngendhaleni paneraking ama. Kepriye kadadeane : Taneman pantun ing Kecamatan Polamharjo lan Karangdowo ingkang umuripun saweg sewulan, ketingal angles jalaran katerak wereng. Kades Polamharjo Srimanto mratelakaken 80 hektar taneman pantun ing wewengkonipun katerak wereng lan uler. Sinaosa sampun kupiya dipunsemprot, nanging panereking ama dereng mendha. Kadang tani ngajab warga tumut njagi lestarining kodhok minangka predator alam kangge ngendhaleni paneraking wereng, wondene menawi dipunbrastha ngginakaken pestisida kedah dipuntindakaken sesarengan. (Purwanto)


Download ppt "Nanggapi pawarta Bisa wujud pratelan lisan utawi tulisan"

Presentasi serupa


Iklan oleh Google