Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

KARONCE DENING: SAMROHTUN FAOZA

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "KARONCE DENING: SAMROHTUN FAOZA"— Transcript presentasi:

1 KARONCE DENING: SAMROHTUN FAOZA
TEMBANG MACAPAT KARONCE DENING: SAMROHTUN FAOZA

2 A. TEGESE MACAPAT Macapat asale saka tembung ‘maca’ lan ‘pat’.
maca : maos pat : papat(4) cacahe papat iki minangka vokal diakritik/metrum ing tulisan jawa kayata wulu, suku, taling, taling tarung.

3 B. JINISE TEMBANG MACAPAT
NO. ASLI PALSU 1. MIJIL GAMBUH 2. SINOM MEGATRUH 3. MAS KUMAMBANG BALADAK 4. ASMARADANA JURU DEMUNG 5. KINANTHI WIRANGRON 6. DHANDHANGGULA GIRISA 7. DURMA 8. PANGKUR 9. POCUNG

4 C. WEWATON TEMBANG MACAPAT
Guru gatra yaiku cacahing gatra (baris) saben pada (bait) Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben gatra (baris) Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasane gatra (akhir baris)

5 No Tembang Guru gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 1. Maskumambang 12i 6a 8i 8a 2. Pocung 12u 12a 3. Gambuh 7u 10u 8u 8o 4. Megatruh 5. Mijil 10i 6o 10e 6i 6u

6 No Tembang Guru gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 6. Kinanthi 8u 8i 8a 7. Durma 12a 7i 6a 7a 5a 8. Pangkur 11i 12u 9. Asmaradana 8e 10. Sinom 11. Dhandhanggula 10i 10a 7u 9i 6u 12i

7 Ngelmu iku, kalakone kanthi laku (12u) Lekase lawan kas (6a)
Tuladha tembang Pocung: Ngelmu iku, kalakone kanthi laku (12u) Lekase lawan kas (6a) Tegese kas nyantosani (8i) Setya buda pangekesing durhangkara (12a)

8 D. SEMIOTIKA, WATAK LAN INGKANG YASA TEMBANG MACAPAT
Semiotika Basa Tembang Mijil Mijil: miyos, lair, metu, wijil, rarasati. mralambangake bayi kang metu saka guwa garba (rahim) ibu. Mijil disusun dening Sunan Jati ing Cirebon, Banten. Semiotika Basa Tembang Sinom Sinom: pupus (daun muda), anom, taruna, srinata, rin kamal, pangawit, logondhng.

9 Mralambangake bocah sing mulai ngerti bab urip.
Sinom disusun dening Sunan Giri. 3. Semiotika Basa Tembang Maskumambang Maskumambang asale saka tembung ‘mas’ lan ‘kambang + -um-’. Mas tegese perhiasan, dene kumambang tegese katon. Maskumambang dilambangake minangka bocah kang wis akil balig.

10 4. Semiotika Basa Tembang Asmaradana
Asmaradana asale saka tembung ‘asmara’ lan ‘dana’ utawa ‘dahana’ . Asmara tegese tresna, dene dana/dahana tegese geni lan menehi (memberi). Asmaradana tegese cinta/seneng menehi. Mralambangake wong kang wis tepung karo bab katresnan lan menehi rasa tresna marang wong liya. Asmaradana disusun dening Sunan Giri. 5. Semiotika Basa Tembang Dhandhanggula Dhandhanggula asale saka tembung ‘dhandhang’ lan ‘gula’. Dhandhang tegese ireng, dene gula tegese manis/legi. Mralambangake wong kang wis nemukake gula ireng (manisnya kehidupn) minangka pacangan garwa (suami isteri).

11 Dhandhanggula disusun dening Sunan Kalijaga.
6. Semiotika Basa Tembang Kinanthi Kinanthi asale saka tembung ‘kanthi’ kang olih seselan -in-. Kinanthi tegese dikancani (disertai), digandheng. Mralambangake wong sing wis akrama bisa bebarengan ngayahi urip kanthi harmonis. Kinanthi disusun dening Sunan Giri. 7. Semiotika Basa Tembung Gambuh Gambuh tegese cocok, jumbuh, laras. Mralambangake urip akrama kang wis nemu kasenengan lan kamulyan ing donya. Gambuh disusun dening Natapraja jaman Mataram.

12 8. Semiotika Basa Tembang Durma
Durma asale saka tembung ‘dur’ lan ‘ma’. Dur tegese mundur, dene ma saka akronim lima maksiat sing kudu diadohi (mo lima). M5 yaiku main (judi), maling (mencuri), madat (narkotika), minum (mabok), madon (berzina). Durma disusun dening Sunan Bonang. 9. Semiotika Basa Tembang Pangkur Pangkur asale saka tembung ‘nyimpang’ lan ‘mungkur’ . Pangkur nduweni teges aja sapisan-pisan nyimpang/ninggalake isi ajaran agama lan kudu nyimpangi bab kang ala (kejahatan). Pangkur disusun dening Sunan Muria.

13 10. Semiotika Basa Tembang Megatruh
Megatruh asale saka tembung ‘megat’ lan ‘ruh’. Megat tegese misah/ pisah, dene ruh tegese nyawa/ jiwa. Mralambangake bilih manungsa wis purna anggone ngayahi kuwajibane ing alam donya lan balik marang alam baka. Megatruh disusun dening Sunan Giri. 11. Pocung Pocung tegese mati (dipocong: dibungkus kain mori putih). Pocung disusun dening Sunan Gunung jati.

14


Download ppt "KARONCE DENING: SAMROHTUN FAOZA"

Presentasi serupa


Iklan oleh Google