Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Presentasi sedang didownload. Silahkan tunggu

Oleh : Akufah, S.Pd. PIWULANG KELAS VIII SEMESTER GASAL Kompetensi Dasar : 3.1. Memahami isi teks cerita legendha 4.1. Menceritakan kembali cerita legendha.

Presentasi serupa


Presentasi berjudul: "Oleh : Akufah, S.Pd. PIWULANG KELAS VIII SEMESTER GASAL Kompetensi Dasar : 3.1. Memahami isi teks cerita legendha 4.1. Menceritakan kembali cerita legendha."— Transcript presentasi:

1 Oleh : Akufah, S.Pd

2 PIWULANG KELAS VIII SEMESTER GASAL Kompetensi Dasar : 3.1. Memahami isi teks cerita legendha 4.1. Menceritakan kembali cerita legendha dengan dialog setempat.

3 Apa iku cerita rakyat ? Cerita kang wus sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora kapetung, malah kadang kala ora dimangerteni sapa kang nganggit.

4 Apa wae jinise crita rakyat ? 1. Fabel : crita kang nyritaake kewan-kewan. 2. Legendha : crita kang gegandhengan karo dumadine panggonan. 3. Mite : crita ngenani alam ghaib. 4. Sage : crita kang ana gegayutane karo kepahlawanan. 5. Crita panglipura lara utawa panglipur wuyung. 6. Crita jenaka.

5 1. Fabel Yaiku crita kang nyritaake kewan- kewan, paragane arupa kewan kang bisa maraga kaya dene manungsa. Kewan ing crita fabel bisa mangan, turu, ngombe lan ngomong. Ing kene fabel minangka metamorfosis panguripaning manungsa.

6 2. Legendha Crita kang gegandhengan karo dumadine panggonan. Crita legendha uga bisa nyritaake asal usule kedadeyan wit-witan lan kedadeyan papan / panggonan lan prastawa.

7 3. mithe/mitos Yaiku crita/dongeng kang ngenani alaming lelembut, utawa alam ghaib.

8 4. Sage/epos/wiracarita Crita kang ana gegayutane karo kepahlawanan salah sawijine paraga/ tokoh kang dianggep apik lan patut ditiru dening masarakat.

9 5. Crita panglipura lara utawa panglipur wuyung. Crita iki ngandharake babagan kang apik, endah, edipeni tumpraping panguripan. Critane lucu, khayal, agawe gemregeting ati marang ong kang ngrungokake, babagan kaendhahan, lan sapanunggale.

10 6. Crita jenaka Yaiku crita kang isine lelucon amarga tingkah polahe paraga ana ing crita kasebut.

11 Asal-Usule Kutha Semarang Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang ajejuluk Made Panda. Panjenengane kagungan putra aran Raden Pandan Arang. Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang-arang. “He, sedulurku kabeh padha gatekna,” pangandikane Raden Pandan Arang marang para pandhereke. “Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek. “Sawangen! Ing sela-sela tanduran kang subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane raden Pandan Arang. “Oh, inggih leres Raden.” Tumangape wong-wong sing dherekake. “Ning kok sajak nyalawadi temen,” Pitakone wong-wong mau rada gumun. “Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora arang-arang ngene iki”. “Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,” sambunge para pandhereke. “Mula iku para sedulur, padha seksenana. Amarga iku, thukul wit asem sing arang-arang wewengkon iki dak arani Semarang -- (diarani Semarang – saka asem arang).

12 Matur suwun......


Download ppt "Oleh : Akufah, S.Pd. PIWULANG KELAS VIII SEMESTER GASAL Kompetensi Dasar : 3.1. Memahami isi teks cerita legendha 4.1. Menceritakan kembali cerita legendha."

Presentasi serupa


Iklan oleh Google