Nama Anggota kelompok 1 Achmad Khamaluddin Aska Pratama (01) Istiqomatul Athiyyah (13) Mahartini Alvina Mawardi (15) Siti Khofifatul Khasanah (31)
Tradhisi Jawa Mitoni
BAB I PURWAKA
1.1 Lelandhesane Panliten Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat ingkang tekan sakmenika tasih dilakoni ing tradisi Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7 ′ (pitu) ingkang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke pithu. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawi sawijining upacara ingkang dilakoni ing sasi ke pithu nalika wonten saktunggalipun wadon ngandhut. Kanthi pangarep arep supados si jabang bayi wonten ing gua garbane ibu lan wadon ingkang ngandet tansah pinaringan keslametan. Mitoni kalebu adat istiadat ingkang dilestarikake ingkang turun temurun salah sawijining kepercadosan lami. Menawi adat istiadat sakmenika mboten dilakoake arep ndadosaken ecean lan jeneng ala kanggo keluarga.
Mitoni dilakokake ingkang dinten dianggep becik kangge upacara mitoni. Dinten ingkang becik kangge upacara mitoni inggih menika dinten Selasa (Senin siang ngantos dalu) utawi Setu (Jumat siang ngantos dalu) lan diadakake ing wektu siang utawi sore. Kangge papan panggonan upacara biasanipun dipilih ing kahanan kempal kaliyan keluarga utawi ruang ingkang amba kang cekap kangge ngadaake upacara.
1.2 Undherane panliten 1.Apa pengerten saka upacara adat jawa mitoni ? 2.Sapa bae paraga kang ana sajroning upacara adat jawa mitoni ? 3.Apa bae persiapan kangge ngelaksanakaken upacara adat jawa mitoni ? 4.Kepriye urut-urutanipun upacara adat jawa mitoni ?
1.3 Ancase panliten 1. Kangge Ngerteni napa niku mitoni. 2. Kangge Ngerteni paraga ingkang wonten ing sajrone mitoni. 3. Kangge Ngerteni ubarampe ing mitoni. 4. Kangge Ngerteni urutaning acara mitoni.
BAB II ANDHARAN
2.1 Pangerten saka tradhisi mitoni/ tingkeban Mitoni niku asalé saking tembung pitu (7). Upacara adat niki dilaksankake wayah calon ibu ngandhut 7 sasi. Ancasé kangge keslametan calon bayi lan ibuné utawi kangge sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah mriki, upacara iki uga diarani tingkeban. Amargi Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, ngandhut umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna. 2.2 Paraga sajrone tradhisi mitoni 1. Bapakipun si jabang bayi 2. Biyungipun si jabang bayi 3. juru upacara adat jawa mitoni
2.3 persiapan sajrone tradhisi mitoni Persiapane ingih menika : 1.Sekul janganan 2.Bubur abrit 3.Bubur baro-baro 4.Bubur procot 5.Jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, 6.Kacang kedelai seng digangsa kalih gendhis 7.Cengkaruk timbal 8.Penyon ( glepung beras kang diwenehi taya, lan ditambahi warna ) 9.Pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, 10.Diwenehi iwak daging lan endhog Godhog, gereh,lan krupuk. 11.Rujak 12.Ampyang
Panganan mentah inggih menika : 1.Lombok, 2.Terong, 3.Kala pendem (mboten,kacang tanah,menyok,tales) 4.Kala gumantung (kates) 5.Kala marambat (telo) 6.Janganan lan jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan iku digawe cacah pitu lan ditambahi apem conthong.
2.4 Urutaing acara tradhisi Mitoni Utawi Tingkeban 1.Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, raga utawa jiwa. Ngresiki awak iki tujuane kanggo ngresikake calon ibu saka dosa-dosa dados menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake mboten nduweni beban ingkang proses kelahiranipun lancar. Upacara siraman dilakuake ing jedhing lan dipimpin kalih dukun utawi keluarganipun kang dianggep paling sepuh.
2.Upacara ngleboake phitik desa menyang njero sarung calon ibu, kang dilakoake bojone saka nduwur nglewati weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dillakuake ing jedhing kangge simbol pangarepenipun bayi lair kanti gangsar mboten womten halangan napa-napa.
3.Upacara brojolan utawi ngleboake sakpasang kelapa gading enom ingkang sampun digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawi Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu. Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gamplang lan mboten kangelan.
4.Upacara ganti busana ingksng dilakuake ngangge jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif ingkang mboten sami. Motif jarit lan kemben ingkang badhe diagem dipilih ingkang paling sae kanthi pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat ingkang sae.
5.Upacara nugel lilitan janur utawi lawe ingkang dijiretake padharan calon ibu. Janur/ utawi lawe saged digantos ngangge godhong krambil. Lilitan sakmenika kedhah di tugel ing calon bapak kanthi ancase laire sang jabang bayi lancar.
6.Upacara mecahake periuk lan gayung ingkang di dhamel saka bathok. Ancasanipun inggih menika sawab (doa lan puji keselametan).
7.Upacara ngunjuk jampi sorongan, ngelambangake supados anak ingkang dikandhet niku gamplang lair.
8.Upacara nyolong Tigan, nglambangake supados kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar sami kalih maling ingkang mlayu mbetha colongane. Upacara sak menika diadaaken ing calon bapak ingkang mendhet endog lan nggawa mlayu Tigan kanthi cepet muteripun desa.
9. Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebat ing inggil ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda donga ingkang dipimpin dening juru upacara adat kanthi muteri sesajen.Sesajen ingkang dibetha bali wong-wong ingkang thumut ngrameake upacara mitoni kasebat.
BAB III PANUTUP
3.1 Dudutan Tradhisi Jawa Mitoni bisa didudut patang perkara. Sepisan, pangerten upacara adat Jawa Mitoni inggih menika, Mitoni niku asalé saka tembung pitu (7). Tradhisi niki diadakaké wektu calon ibu ngandhut 7 sasi. Kapindo, Paraga sajrone tradhisi jawa mitoni inggih menika Bapa, biyung si jabang bayi lan juru upacara adat jawa mitoni. Kaping tigo, panganan sajroning upacara adat Jawa mitoni inggih menika, sekul janganan, bubur abrit, bubur baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen,dhele, kacang kang kagangsa kalih gendhis, cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak daging lan endhog godhog, gereh,lan krupuk, Rujak, Ampyang. Kaping papat, urut- urutane upacara adat Jawa mitoni yaiku, Siraman, Upacara ngleboake pithik jawa menyang sajrone (sarung) calon ibu, Upacara brojolan utawi ngleboake sepasang kelapa gading enom, Upacara ganti busana dilakoake ngangge jarit 7, Upacara nugel lilitan janur/lawe kang ditaliake weteng calon ibu, Upacara mecahake periuk lan gayung ingkang didhamel dening bathok, Upacara ngunjuk jampi sorongan, lan Upacara nyolong endhog.