Panataning Tembung Jawa Presented By : Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd
Tembung Saroja Tembung Saroja yaiku, tembung sing dirangkep. Karepe tembung sing meh padha tegese dianggo bebarengan.
Tuladha : Tembung padinan : Tumpang-tindih Watak-wantu Tata-krama Gandhes-luwes Sayuk-rukun Mukti-wibawa Baya-pakewuh Dana-driyah
Jenenge wong : Puspakusuma Ranutirta Sutaatmaja Jenenge gendhing : Ranayuda Subakastawa Gunasentika
Ing sajronign Ukara (pacelathon) : Ora nyana, ora ngira Renggang gula, kumepyur pulut Kebat kaya kilat, kesit kaya tathit
Tembung Yogyaswara Tembung Yogyaswara tegese, swara kang becik amarga kepenak dirungokake / tembung-tembung sing becik kang kepenak dirungokake.
Prameswara-prameswari Tuladha : Kendhana-kendhini Dewa-dewi Bathara-bathari Hapsara-Hapsari Prameswara-prameswari Yaksa-Yaksi Pemudha-pemudhi Raseksa-raseksi
Dadi, tembung Yogyaswara iku tembung loro kang meh padha pakecapane (lan uga panulisane), mung beda wanda wekasane ( nganggo a lan i ) kang ateges lanang-wadon
Mula tembung-tembung kayata : Prapta-prapti Sarwa-sarwi Pangaksama-pangaksami Dudu tembung Yogyaswara, amarga ora duweni teges Lanang-wadon
Wayah-wibi Jalu-wanita Kolik-tuhu Mimi-mintuna Dudu tembung Yogyaswara, amarga bedane pakecapan ora mung ana ing wandane ( wekasan a lan i )
Mulyana-mulyani Suprapta-suprapti Untara-untari Sunarta-sunarti Dudu tembung Yogyaswara, amarga iku mung jenenge bocah lanang lan wadon
Tembung Garba yaiku tembung kang dumadi saka sesambungane tembung loro utawa luwih Tuladha : Wirotama wira + utama (prajurit linuwih) Malbeng Malebu + ing (mlebu ing)
Kapindra kapi + endra (ratune kethek) Wadwaji wadu + aji (garwane ratu) Kalokengrat kaloka + ing + rat (misuwur ing jagad)
Tembung Entar Tembung Entar yaiku, tembung silihan, karepe tembung sing ora kena ditegesi, amarga dudu teges kang samesthine. (
Tuladha : Dawa tangane (clemer, seneng jupuk barange liyan) Jembar segarane (sugih pangapurane) Entheng tangane (cengkiling, seneng milara) Ngrabekake sikut (wong lanang jarag senggolan karo wong wadon).
Tumenga sepa, tumungkul sepi (ora ana wong sing dijaluki tulung) Balang liring (nglirik, ngujiwat) Ora kuwat payung (ora kuwat drajad) Tumenga sepa, tumungkul sepi (ora ana wong sing dijaluki tulung) Atine metu wulune (duwe sedya ala, jalaran meri) Mata dhuwiten (petung banget ing bab dhuwit)
Rura Basa Rura Basa yaiku, basa kang kebajut rusak (kelantur-lantur), nganti ora bisa dibenerake maneh. Menawa dibenerake maneh, malah dadi basa sing lumrah.
Tuladha : Ngulek sambel (benere ngulek uyah, lombok, lsp) Mikul dhawet (benere mikul angkring isi dhawet) Mbunteli tempe (benere mbunteli khedele) Menek klapa (benere menek wit klapa)
Banjur diotak-atik nganti mathuk. Kerata Basa Kerata Basa yaiku basa sing dikerata, tegese sarana jupuk kecape tembung (wanda) Banjur diotak-atik nganti mathuk.
Tuladha : Guru (pantese digugu lan ditiru) Wedang (gawe banyu sing diedang) Tarup (ditata supaya katon murub ‘asri’) Kaji (tekate siji ‘njroneng manembah marang Gusti’)
Prawan (prayogane yen pepara wanci awan) Kutang (sikute diutang) Tuwa (ngenteni metune nyawa) Batur (pangembating tutur)
Pepenget ! Dubang (idu abang) Klabang (kala abang) Dhegus (gedhe bagus) Dhemenyar (dhemen anyar) Tembung-tembung ing dhuwur ora klebu Kerata Basa, nanging iku klebu tembung Camboran Tugel
Paribasan Yaiku unen-unen kang wis ajeg panggonane, mawa teges entar lan ora ngemu suwara pepindhan.
Tuladha : Ana catur mungkur (ora gelem melu cawe-cawe pradulaning liyan, sakira bisa nuwuhake grejeg) Sadumuk bathuk sanyari bumi (padudon bab lemah utawa wanita, sok nganti dilabuhi mati) Tumbu oleh tutup (cocok karo kekarepane)
(dadi tegese wis cetha). Bebasan Bebasan yaiku ukara utawa tetembungan kang asipat wantah wae, ora kasamun ing pepindhan (dadi tegese wis cetha).
Tuladha : Becik ketitik, ala ketara (sing becik lan sing ala bakal kadenangan) Desa mawa cara, negara mawa tata (saben panggonan duwe adat dhewe-dhewe) Sapa salah, seleh (tumindak ala mesthi bakal keweleh)
Sanepa Sanepa yaiku ukara utawa tetembungan (sing meh padha pepindhan) mung bae kahanane luwih tinimbang pepindhan. Dadi mbangetake kahanan sing kuwalik saka kahanan sing sanyatane.
Lungguhe anteng kitiran Tuladha : Lungguhe anteng kitiran (ora bisa anteng) Playune lonjong mimis (banter banget) Eseme pait madu (eseme manis banget) Dhamplak ondhe-ondhe (bunder banget)
Saloka Saloka yaiku tetembungan kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah, lumrahme kaya kahanane alam kewan utawa tetuwuhan.
Tuladha : Kebo mulih menyang kandhange Kriwikan dadi grojogan Kacang ninggal lanjaran Lan sapiturute.
Cangkriman Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu digoleki batangane. Cangkriman kaperang dadi papat : Cangkriman kang wujud wancahan. Cangkriman kang awujud pepi-ndhan. Cangkriman kang ngemu rasa blen-deran. Cangkriman liya-liyane.
Cangkriman kang wujud tembung Wancahan Pak bo letus (tipak kebo ana lelene satus) Wiwowite lesbodhonge jatos palempuk (uwi dawa uwite, tales amba godhonge, maja atos, pelem empuk)
Cangkriman kang wujud Pepindhan Sega sakepel dirubung tinggi (salak) Pitik walik saba kebon (nanas) Emboke wuda, anake tapihan (pring lan bung) Emboke dielus-elus, anake diidak-idak (andha)
Cangkriman kang ngemu rasa Blenderan Wong wudunen iku sugih pari (paringisan) Senen iku wis anguk-anguk kubur (lara meh mati) Wong adol kambil dikepruki (kambile) Anggurku cap senggot (banyu sumur senggot)
Cangkriman kang wujud tembang Pangkur Batangen cangkriman ingwang Tulung-tulung ana gedhang awoh gori Ana glathik ndhase telu Ana buta nungang grobag Kyai dhalang yen mati datan dipikul Ana belo melu suran Selawe sunggute gangsir
The End